Wednesday, January 16, 2013

Doaku


Ya Allah..Ya Rabb...
Berikanlah kekuatan kepadaku untuk menegakkan perintah-perintah-Mu
Berilah aku manisnya berdzikir mengingat-Mu
Berilah aku kekuatan untuk menunaikan syukur kepada-Mu dengan kemuliaan-Mu
Dan jagalah aku dengan penjagaan-Mu dan perlindungan-Mu Wahai Dzat Yang Maha Melihat.
Aamiin Yaa Rabbal 'alamin.

Friday, January 11, 2013

KIDUNG PERPISAHAN

Kaserat dening : Ayahanda tercinta

             Angin sumilir miyak swasana ing padhukuhan karanganyar, ing dina iki ana prastawa kang wigati kanggo ngormati mimitran kang banget kalebu ngati.
              Aku kelingan dhek jaman semono bebarengan kadhang konco nggebyur ing madyaning pawiyatan ndesa. akeh banget tuladho lan cathetan-cathetan kang kebak suroso nanging kabeh mau mung mujudake pangelembono kang tansah kumanthil kanthil kapatri jroning ati.
              Rembulan sumunar kasaput  mega ing mangsa ketiga sinaring unine melodi kang ngenyat-ngeyut ati. dhina iki sliramu pamitan mungkasi pakaryan agunglabuh labet ing ibu pertiwi.
         Aku sakonco rumangsa kelangan, kapedhot ing batas yuswo nanging aku ugo nglenggono yen manungsa iku mung sadermo, pangkat derajat lan kalungguhan iku namung sadhelo.
           Gusti ingkang agawe jagad kang wenang anentakake kodrat jangkaning ngurip wis pinesthi dadi ngarsaning Gusti Allah SWT.
         Amung pamujiku kagem mitra kang wus purna mugiya tansah rahayuning madyaning bebrayan, pinaringan bagas kesarasan, sentoso ing budi anggenira angabekti ing ngarsani Gusti Allah SWT

Wednesday, January 2, 2013

Kalatida

Pikiranku judheg atiku bingung
Weruh langitku kan katon mendung
Dodo sesek dipikir tambah ruwet
Yen nyawang nduwur soyo peteng dedet

Kedadak udan riwis-riwis
Soyo tambah ati dadi miris
Cahyo sesanderaning thathit
sasat ilu koyo tangise sing jerit

Kebangeten yen ora melu sedih krungu sesambat kawula kang ngelih
Malah koyo aji mumpung sajak lali janji kang katanggung
Opo wis tekan jangkane ngendikane Ki Ronggowarsito
Kalakone jaman edan kang kaserat kithab kalatida


Bunga Hidup Bahagia

Bangun di saat fajar untuk beristigfar.  Menyendiri untuk ber- tafakur. Menjalin hubungan dengan orang-orang yang salih. Berdzikir.