Wednesday, January 2, 2013

Kalatida

Pikiranku judheg atiku bingung
Weruh langitku kan katon mendung
Dodo sesek dipikir tambah ruwet
Yen nyawang nduwur soyo peteng dedet

Kedadak udan riwis-riwis
Soyo tambah ati dadi miris
Cahyo sesanderaning thathit
sasat ilu koyo tangise sing jerit

Kebangeten yen ora melu sedih krungu sesambat kawula kang ngelih
Malah koyo aji mumpung sajak lali janji kang katanggung
Opo wis tekan jangkane ngendikane Ki Ronggowarsito
Kalakone jaman edan kang kaserat kithab kalatida


No comments:

Post a Comment

Bunga Hidup Bahagia

Bangun di saat fajar untuk beristigfar.  Menyendiri untuk ber- tafakur. Menjalin hubungan dengan orang-orang yang salih. Berdzikir.